dcsimg

Deutzia ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

 src=
Deutzia crenata by Abraham Jacobus Wendel, 1868

Deutzia (/ˈdjtsiə/ or /ˈdɔɪtsiə/)[1] menika génus saka sewidak spésies kembang-kembangan saka kulawarga Hydrangeaceae, tuwuhan asli saka Asia Tengah lan Wétan (nyrambahi pérangané Himalaya nganti Jepang lan Filipina), Amérika Tengah, lan Èropah. Samenika, keragaman spésies paling akèh ana ing Tiongkok, papan sing duwèni sèket spésies ing kana.

Spésiesé ya iku suket kang dhuwuré watara 1–4 m (3 ft 3 in - 13 ft 1 in). Akèh-akèhé ing wewengkon sing duwèni mangsa rontok, nanging pira-pira spésies ana ing wewengkon subtropis ijo. Godhongé walikan, prasaja, kanthi pinggirané bergerigi. Kembangé diprodhuksi ana ing panicles utawa corymbs; Warnané putih kadangkala wernané abang jambu utawa keabang-abangan. Wohé awujud kapsul garing kang ngandhut akeh wiji cilik. Idhèntifikasi spésies iki angèl banget, mbutuhaké detil mikroskopis saka rambut godhong lan struktur kapsul.

Kayadéné liyané, jeneng Deutzia dijipuk saka jeneng salah sijining ilmuwan hayati lan botani saka Walanda, yaiku Johann van der Deutz.

Spèsiès kapilih

Rujukan

  1. Sunset Western Garden Book, 1995:606–607
  2. "RHS Plant Selector - Deutzia longifolia 'Veitchii'". Dijupuk 18 June 2013.
  3. "RHS Plant Selector - Deutzia ningpoensis". Dijupuk 18 June 2013.
  4. a b English Names for Korean Native Plants (PDF). Pocheon: Korea National Arboretum. 2015. k. 439. ISBN 978-89-97450-98-5. Dijupuk 16 December 2016 – lumantar Korea Forest Service.
  5. "RHS Plant Selector - Deutzia setchuenensis var. 'corymbiflora'". Dijupuk 18 June 2013.

Pranala Jawi

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia